Rabu, September 02, 2020

Hari ke-30_Mendadak MC

beberapa waktu yang lalu saya mendapatkan pengalaman untuk menjadi MC di acara trah keluarga istri di jogja. walhasil.... kursus kilat dengan mbah gugel pun terjadi.
berikut ini hasilnya,
seandainya ada yang mau pakai ya silahkan.
mohon revisinya jika ada kekurangan atau kesalahan tulis




Assalamualaikum. Wr. Wb

Katur dumateng pakdhe, budhe, pak lik, bulik, mas, mbak, kaliyan adik – adik trah keluarga ageng simbah ......  ingkang minulya,
Dumateng bapak ustadz …………………. ingkang rinten klawan dalu tansah sinandhing kitab suci wahyuning Illahi ingkang dados pandam pandoming kawula dasih,

Sakderengipun kulo matur, mangga sesarengan hangaturaken puji pangalembana wonten ngarsa dalem Allah SWT, injih awit saking rahmat saha hidayahipun, kula lan panjenengan sedaya saged kempal manunggal wonten ing sasana menika kangge angrawuhi trah keluarga ........  wonten dalemipun Bapak ………. menika, kanthi pinaringan kawilujengan ing sedayanipun. Sholawat sarto salam mugio tansah katetepaken dumateng Nabi junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kito tenggo syafaatipun wiwit saking dunyo dumugi akhirat samangke, aamiin.

Saklajengipun keparenga kula minangka pambagi wekdal hangaturaken sugeng rawuh lan sugeng lenggah ingkang kanthi merdika merdikaning penggalih. Wonten mriki kulo badhe hangaturaken rerantamaning adicara ingkang badhe kalampahan siang menika.
1. Pambuka
2. Waosan kalimah toyibah ingkang badhe dipun pimpin kaliyan Bapak …..
3. Sambutan ingkang kagungan dalem
4. Sambutan sesepuh
5. (kalau ada) Tausyiah
5. Sambung raos utawi parembagan
6. Panutup

Ngancik adicara ingkang angka sepisan inggih menika pambuka. Mangga adicara wonten ing wekdal menika kita bikak kanthi waosan basmalah sesarengan. Bismilllahirohmanirrohim. Nuwun.
Kanthi waosan basmalah menika mugi adicara trah ing wekdal menika kalis ing rubeda nir ing sambikala. Amin, aminYa Robbal alamin.

Adicara ingkang angka kalih inggih menika waosan kalimah toyibah ingkang badhe dipun pimpin kaliyan Bapak …………… wekdal saha papan kula sumanggakaken.

Mekaten waosan kalimah toyibah ingkang sampun dipunaturaken. Mugi Allah hangijabahi menopo ingkang kito sedoyo suwun, ndadosaken amal kesaenan dumateng poro leluhur kito ingkang sampun kondur wonten ngarso Allah SWT, lan saged nambah kandhel iman kula lan panjenengan sedaya. Amin.

Acara ingkang kaping tigo inggih meniko sambutan ingkang kagungan dalem. Kagem bapak ………………….. wekdal saha papan kulo sumanggaaken

Matur suwun kagem bapak ………….

Acara ingkang kaping sekawan inggih meniko sambutan sesepuh. Kagem Bapak/Pakdhe ……… wekdal saha papan kulo sumanggaaken.

Matur suwun kagem Bapak/Pakdhe ……

(kalau ada ustadz)
Ngancik adicara inti inggih menika Tausyiah ingkang badhe dipun aturaken al mukarom …….. Wonten ngarsanipun Ustadz ……….. sumangga.

Mekaten kala wau Tausyiah ingkang sampun dipunaturaken panjenenganipun Ustadz ……………. mugi kula lan panjenengan sedaya sageda mendhet inti sarinipun. Amin.

Adicara ingkang salajengipun inggih menika sambung raos lan pirembagan, monggo poro sedherek sedoyo ingkang badhe ngaturaken usul lan gagasan kulo sumanggaaken. Kagem mbak mbak bendahara, wekdal ugi kulo sumanggaaken kagem ngaturaken laporan keuangan.

Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Mangga adicara wonten ing wekdal menika kita tutup kanthi waosan hamdalah sesarengan. Alhamdulilahirobbil alamin.
Cekap semanten ingkang saged kulo aturaken, nyuwun pangapunten mbok bilih anggen kulo nderekaken acara trah wonten siang meniko, mbok bilih kathah klenta klentunipun atur, kawulo nyuwun agunging pangaksami..

Akhirul kalam, wabillahitaufik wal hidayah,
Wassalamualaikum. Wr. Wb.

hariketigapuluh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar